B. Daerah

Pertanyaan

tembang pangkur tema hari ibu

1 Jawaban

  • Mata pelajaran: bahasa daerah (Jawa)

    Kelas: xi SMA

    Kategori: tembang macapat

    Kata kunci: pangkur, kemerdekaan

    Jawaban:

     

    Ibu wanita kang mulya (8a)

    Ngisik- ngisik kanthi tresna saka cilik(12i)

    Bekti ibu iku kudu (8u)

    Prayogane utamakna (7a)

    Surga ing ngisor telapak kaki ibu (12u)

    Ibu asih asuh asah  (8a)

    Kanthi tulus tanpa pamrih (8i)

     

    Pembahasan:

     

    Tembang macapat kang uga diarani tembang cilik yaiku tembang kang duwe aturan guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. Guru gatra yaiku cacahing gatra/larik saben sak pada. Guru wilangan yaiku cacahing wanda (kecap) saben sak gatra. Guru lagu yaiku tibaning swara ing saben pungkasaning gatra. Tembang macapat ana 11 yaiku:

    Maskumambang Mijil Kinanthi Sinom Asmaradana Gambuh Dhandhanggula Durma Pangkur Megatruh Pocung

     

    Ciri-cirine tembang macapat yaiku :

    1. Gunakake pathokan guru gatra, guru wilangan, guru lagu.

    2. Basane nganggo basa Jawa enggal.

    3. Bisa ditembngke tanpa iringan gendhing.

     

    Gunane tembang macapat yaiku :

    1. Kanggo bawa tembang utawa ngiringi gendhing.

    2. Kanggo ngarang kapustakaan Jawa.

    3. Kanggo lagu pengiring kethoprak utawa wayang wong.

    4. Kanggo parikan utawa dhagelan.

     

    Tembang pangkur kalebu salah sijining tembang macapat kang duwe aturan guru wilangan lan guru lagu 8a, 12i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i

    Ing dhuwur mau contho tembang pangkur kanthi tema ibu kang jumbuh karo peringatan Hari Ibu tanggal 22 Desember iki.


Pertanyaan Lainnya